Rabu, 01 Maret 2017

Pantun-pantun lucu jwa pbg.. yakin

Kie wong wong mbokan bisa madan mesem lah..

SITI bongkok
Di maemi roti
Aja ngrokok menko cepet mati..

Gogoh lele..
terus disate..
Aku seneng kowe,
deneng kowe meneng bae.... lee..

Tuku getuk
karo bolede
Aja kur mantuk,
wis maksud rung kowe.. kupleeee

MARING SOLO
Nangkanaa..
kowe bocah boda
rupamu kaya kebo belo hahahah

TUKU TEMPE
nembe si gawe...
aja brisik leh
tek kepret sangaweee...

Manuk crocokan
menclok nang tetean..
Duwe pacar,
ndina-ndina COC'an

Wit Kelapa..
Nang ngarep umah...
aku ra papa
sante bae laaaaaah.

Tuku SEWU,
nggo RASAH -RASAH
Mingkem sewu,
nek manga sAWAAAAH

Tuku rambutan,
nang pertigaan..
Nek sekolah kerudungan,
Nek nang ngumah tank topan..

"

Lunga meng Konter tuku hp seken,
Duite di long ramane nggo tuku topi lakon
Dadi bocah koh kaya kuwe temen,
Aring nini-nini masa ngomong demen...

Bali sekolah aku melu tumbas balon
Bar kuwe gari ramane prentah kon angon..
Dasar cangkem mu kuwe cangkem ula rangon..
mbojo ben  urung omongane kelon..(rangon)

Telung jam aku ngenteni.
nang pantai teluk,
sing jenenge dini pancen ayuuuu.. di enteni ora metu" ternyara mlayuu..

Di prentah biyunge kon tuku tahu..
Malah nang warung diledeki nang ibu-ibu..
Dasar pancen kowe wong kubu,
Kon mangan es krim malah ngrokoti pupu..

Keburan nang kali karo ngrogoih leng,
Di colek baya tapi aku meneng bae..
Mbuh lah aku bebeh karo kowe,
Salaeh sapa wingi tek sengi kowe meneng bae..

Njujugna kondangan maring karang tengah,
Nang prasmanan masakanne kurang uyah..
Numpak montor kowe aja nang tengah-tengah,
Apa sih ujare dalane mu yah..

Diwei pitik babon bangkok.
nek tes ngendok petak petok..
oalah dasar bocah pekoook,
cilik cilik wis doyan mabok... bocah pekok kok kok..

""Terimakasih kawan" cekikikkk":

Tidak ada komentar:

Posting Komentar